Minggu, 07 Agustus 2011

Syiiran Gus Dur dalam Catatan Abu Nayya Pasuruhan Lor


Syair Gus Dur

Lebah indah- Ini adalah sebuah syair yang agung dari Syeh Abdurrohman Wahid Gus Dur. Yang mana di zaman ini sangat mengena di pendengaran masyarakat Indonesia saat ini. YA di tahun 2011 ini, banyak terdengar di rumah-rumah, tempat pengajian, majlis dzikir dan majlis – majlis yang lain selalu terdengar dengan indah.

Syair ini di tulis oleh Abu Nayya Kudus. Untuk renungan pribadi dan sahabat-sahabat semua. Sebab isi syi’ir ini sangat cocok dengan keadaan saat ini dan mungkin sampai yang akan datang.

  1. Ngawiti ingsun, nglaras syi’iran, Kelawan muji mareng Pengeran, Kang pareng rohmat lan kinikmatan, rino wengine tanpo pitungan.
  2. Duh bolo konco, Prio wanito, ojo mung ngaji syareat bloko, Gur pinter ndongeng nulis lan moco, tembe mburine bakal sengsoro.
  3. Akeh kang apal, Qur’an hadise, Seneng ngafirke marang liyane, Kafire dewe dak di gateke, Yen iseh kotor ati akale.
  4. Gampang ka bujuk, Nafsu angkoro, Ing pepaese gebyare ndonyo, Iri lan meri sugehe tonggo, Mulo atine peteng lan nisto.
  5. Ayo sedulur, jo nglaleake, wajibe ngaji sak pralatane, Go ngandelake iman tauhide, Baguse sangu mulyo matine.
  6. Kang aran sholeh, Bagus atine, Kerono mapan kari ilmune, Laku Thorikot lan Ma’rifate, Ugo Hakikot manjeng rasane.
  7. Al Qur’an Qodim, Wahyu minulyo, Tanpa tinulis iso di woco, Iku wejangan guru waskito, Den tancepake ing jero dodo.
  8. Kumantel ati, lan pikirane, Rasok ing padang kabeh Jerone, Nabi lan Rasul dadi pedoman, Minongko dalanmanjenge Iman.
  9. Kelawan Allah, kang Moho Suci, Kudu rangkuli rino lan wengi, Ditirakati di riadhohi, Dzikir lan suluk jo nganti lali.
  10. Uripe ayem, Rumongso aman, Dununge roso tondo yen Iman, Sabar narimo najan paspasan, Kabeh tinakder sangkeng Pengeran.
  11. Kelawan konco, Dulur lan tonggo, Kang podho rukun ojo kesio, Iku sunahe Rasul kang mulyo, Nabi Muhammad panutan kito.
  12. Ayo nglakoni, Sekabehane, Allah kang bakal ngangkat drajate, Seng asor toto dhohire, Anangeng mulyo maqom drajate.
  13. Kawupalastro, Ing pungkasane, Ora kesasar roh lan sukmane, Den Gadang Allah Suargo manggone, Utuh mayite ugo ulese.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

salam persahabatan