Senin, 17 Januari 2011

Teks Sambutan Wakil Majlis (Jam'iyyah)


Sambutan berbahasa Jawa ini dari ide Jam'iyyah Al Berjanji untuk anak-anak di Pasuruhan Lor.
Mas Tain Suwandi yang membuat, ayahe Dik Nayya Anindita. Semoga bermanfaat untuk sahabat semua. Salam perubahan.
SAMBUTAN JAM’IYYAH AL BERJANJI



Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh
Alhamdulillahirobbil ‘alamin, Wabihinastain, wa ala umurriddunya waddin,
Wassholatu Wassalamu ala anbiya’i wal mursalin, wa ala alihi washohbihi aj main.
La haula wala kuata Illa billahil Aliyyil adhim, Amma ba’du

Sepindah, monggo kito sami sareng-sareng nglaeraken syukur ing Ngarso Dalem Allah SWT, bileh kito sedoyo tansah pinaringan kanugrahan arupi Nikmat Islam soho Iman, ugi kito tansah pinaringan nikmat Jasmani, arupi sehat wal afiat, sehinggo ndalu puniko kito sami saget nderek hormat Maulidurrosul, kaleresan ndalu puniko wonten dalemipun Sederek…… kanti mboten wonten alangan setunggal punopo.Amin. Biqoulina AlhamdulillahiRobbil Alamin.

Kaping kalehipun, sholawat salam ugi tansah kito nglaeraken ing Ngarso Junjungan kito Nabi agung Muhammad SAW, Nabi ingkang kito derekaken sedoyo tindak lampahipun, Nabi ingkang angrubah zaman jahiliyah ngantos jaman Islamiyah. Mugi-mugi kanti sholawat ingkang kito waos, mbenjeng ing Yaumil akhir kito lan keluargo kito pinaringan Syafa’atul Udma’,amin Allahuma amin, biqoulina Allahuma Sholi ala Syaiyidina Muhammad Wa ala ali syayidina Muhammad.


Kepareng matur, ing mriki kulo selaku wakil jam’iyyah Al Berjanji, ngaturaken :

Sepindah,
Maturnuwun sanget dumateng Shohibul Bait sederek….. ingkang sampun maringi papan pinarakan soho pasogatan kolo wao, mugi-mugi sedoyo amal shohibul bait dados amal ingkang sholih. Lan mugi-mugi punopo ingkang dados hajatipun shohibul Bait dipun kabulaken deneng Allah SWT lumeber hajat kito sedoyo. Amin Allahuma…amin


Kaping Kalihipun,
Ing mriki kulo selaku wakil sangking sedoyo rencang-rencang ingkang hadir dalu puniko, nyuwun pangapunten ingkang katah. Mbokbileh anggenipun hadir wonten dalemipun shohibul bait wonten ingkang mboten sopan, kulo ngaturaken pangapunten ingkang katah.

Akheripun,
Wassalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh.



By taineswe-lebahindah.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

salam persahabatan